Kamis, 06 Maret 2014

Timur Gumregah (Apresiasi Tumrap Komunitas Sastra Pawon Solo), dening Ichwan Prasetyo

Tetembungan ”timur gumregah” ing ndhuwur kapethik saka irah-irahan buku antologi crita cekak (cerkak) lan geguritan Timur Gumregah, Para Mudha Remen Cerkak lan Geguritan kang dibabar dening Komunitas Sastra Pawon Solo ing adicara Festival Sastra Solo 2014, dina Setu-Minggu (22-23/2) kapungkur.
Kababare buku antologi cerkak lan geguritan kuwi dadi salah siji adicara ing rerangkene festival  sastra kang diadani dening Komunitas Sastra Pawon Solo kasebut. Sastra Jawa mung dadi perangan cilik saka festival sing ditekani dening para mudha sutresna budaya maca lan nulis saka Jakarta, Jawa Barat, DIY, Jawa Tengah, Jawa Timur, lan Madura kasebut.
Genderane adicara pancen festival sastra Indonesia. Embuh jalaran adicarane lan sing duwe acara manggon ing Solo utawa pawadan liya saengga ing tengah-tengahe festival sastra Indonesia kuwi ana papan lan wektu mirunggan kanggo ngleluri sastra Jawa lumantar cerkak lan geguritan.
Sing genah, adicara sing diadani dening generasi mudha kuwi kanyata kuwawa ngimpun 17 panulis geguritan lan sanga panulis cerkak kang wusana dipilah lan dipilih dadi antologi geguritan lan cerkak kang ngimpun karyane 17 panggurit lan pitung panulis cerkak.
Krenahe Komunitas Sastra Pawon Solo iki nuduhake lamun sastra Jawa pancen panggah krodha lan tansah nglairake generasi anyar panulis sastra Jawa.Yen ditintingi kanthi temen-temen, saperangan akeh panggurit lan panulis cerkak sing karyane kaimpun ing buku antologi kang dicithak sakmadya banget kuwi pancen generasi mudha.
Ana sing pancen duwe krenteg saka telenging ati sedya nresnani, ngleluri, lan ndayakake sastra Jawa. Ana uga sing ketarik marang sastraJawa—mligine geguritan lan cerkak—sawise sawetara wektu srawung kalawan kanca sabarakan sing tresna temen-temen marang sastra Jawa.
Puluhan taun kapungkur ana sing kandha lamun sastra Jawa wus mati. Kanyatane nganti titi wanci iki ana wae generasi mudha sing tresna marang sastra Jawa, nggladhi awake dhewe murih bisa ngasilake karya sastra Jawa, lan tansah nglodhangake wektu kanggo ngleluri lan ndayakake sastra Jawa.
Tetembungan “timur gumregah” pancen pas kanggo nggambarake kridhane para generasi mudha sing kaimpun ing Komunitas Sastra Pawon Solo. Saperangan saka generasi mudha kuwi saliyane ngasilake karya sastra abasa Indonesia uga kanthi temen-temen ngleluri lan ndayakake sastra Jawa.
Ing titi wanci pungkasan iki pancen mung sithik banget karya sastra Jawa awujud buku sing bisa ditemokake ing toko-toko buku. Nanging, sanyatane para sutresna sastra Jawa, para sastrawan Jawa, lan generasi mudha sing duwe rasa ketarik utawa rasa tresna marang sastra Jawa tansah ngasilake karya sastraJawa.
Saperangan karya sastra Jawa kuwi kababar ing kalawarti kayata Jagad Jawa Solopos. Dene saperangan akeh karya sastra Jawa kuwi urip ing madyaning komunitas sutresna sastra Jawa kaya Komunitas Sastra Pawon Solo kuwi.
Ing komunitas kaya ngono kuwi mesthi ana kalodhangan mirunggan kanggo ngrembug maneka warna karya sastra Jawa asil karyane kabeh sing kaimpun ing komunitas kuwi. Tradhisi “kritik sastra” uga urip ing komunitas kuwi.
Hamung jalaran cupete prabeya lan kanyatan pasar buku wusana karya sastra Jawa kuwi ora nganti kababar dadi buku komersial sing dipamerake ing tokok-toko buku. Sing genah, nganti titi wanci iki sastra Jawa tetep urip. Generasi mudha sastra Jawa uga ora ana enteke. Para generasi timur tetep gumregah ngleluri sastra Jawa.


(Kababar ing Jagad Jawa Solopos, Kemis 6 Maret 2014)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar